Wednesday, March 28, 2007

HUMOR:Jeneng

Sepur lagi wae metu soko setasiun Balapan Painem karo Paijem sedulur loro dadi babu neng Jakarta neng omahe babah Hong."Timbang ngantuk ayo main cangkriman (tebak-2-an) yuk""Ayo ... siapa takut " tuture Paijem"Yen bojone Pak Seno....wong Yogyakarto ngomonge piye ?""Yo mesti wae jeng Seno""Yen garwane Pak Budi ?""Pasti..... jeng Budi""Yen .... bojone Pak Ngatno""wis genah ...... JENGATNO ..."

huMour:Undangan

Nuwun wiyosipun kulo ngaturi pirso mbok bilih mboten wonten halangan mbenjing dinten Seloso Kliwon malem Rebo Legi wulan Bakdo wanci magrib kulo bade gadah damel islamaken utawi nyunataken utawi mbucal kulup bapakipun tole yuswo kinten-2 lahir jaman Jepang; kulo nyuwun ngapunten ingkang ageng margi panjenengan mboten pareng nginjen; dene mbok bilih tukang jagal utawi dokter ingkang nyunat mboten saged motol kulupipun kepekso kito sedoyo pados tukang graji kayu.Semanten rumiyin undangan kito mbok bilih wonten lepat kulo nyuwun sewu nembah suwun. Saking kulo Dulgento Tumut mahargya rawuh penjenengan Ir. Maerokoco Diplom. Ing. MLML.

HUMOUR:Chairil Anwar: Aku

Dino Seloso Kliwon, sak njeroning kelas Bu Ani lagi mucal bahasa Indonesia giliran mbahas Puisi Chairil Anwar berjudul "Aku."

Terus Bu Guru Ani ngongkon 3 muride membaca puisi secara bergiliran tanpo teks. Giliran Tini kon maju .... lancar membawakan puisi "Aku." Terus Tono ugo ngono ... lancar.

Giliran murid anyar seko nggunung durung lancar membawakan boso Indonesia. Kanti ngowel Paino maju terus ndangak :

"Aku... Aku... mbuh ora ngerti... pokoke Aku anake simbok karo bapak" (terus mundur kanti ndodok mergo ngompol !?)